Senin, 28 November 2022

Materi Bahasa Cirebon tgl. 26 November 2022

 

Lagu Indonesia Raya lan Sejarahê

 

Unggal negara sampun pesthi nggadhahi lambang-lambang negara kang dimulyakaken sanget ugi ndadosaken bebanggén rayaté. Lambang-lambang wau mangrupi bendera kebangsaan, pramila bangsa pundi mawon pesthi njagi lan sanget ngormatanané. Ukurané jiwa-raga didadapaken kanggé mbélaé.

Negari kula ugi nggadhahi lambang-lambang, nggih niku Lagu In-donesia Raya minangka lagu kebangsaané lan klébét (bendera) merah-putih minangka bendera Kebengsaan Negara Repubiik Indonesia. Tumerap kanggé kula sedaya bilih wonten acara penaikan bendera Sang Saka Merah-Putih lan lagu Kebangsaan Indonesia Raya siweg kagelaraken,kedhah mandheg krihin lan milet ngormati.

 

Bendera Sang Saka Merah-Putih lan Lagu Kebangsaan Indonesia Raya ditembangaken utawi kagelaraken teng manca negara, nalika para atlit olahraga lan peserta lomba teng widhang-widhang tinamtu saged ngawonaken lawan-lawané teng kancah dunia.

 

Sampun pesthi dados bebanggén kula sedaya nalika bendera Merah-putih dikibaraken lan Lagu Kebangsaan Indonesia Raya ditembangaken, bangga.

 

Kang ndamel Lagu Kebangsaan Indonesia Raya nggih niku Wagé Rudolf Supratman lahir 9 maret 1903 teng Jakarta, kiyambeké turunan militer lan nggadhahi bakat seni. Kiyambeké minangka komponis besar teng naun 1928 ugi dados anggota politik Partai Nasional Indonesia kang diadhegaken dening Bung Karno.

 

Nalika semanten kiyambeké maos teng majalah kang isié : “Alangkah baiknya jika diantara putra-putra Indonesia ada yang dapat mengarang lagu kebangsaan kita. Seperti bangsa-bangsa lain semuanya mempunyai lagu kebangsaan.”

 

Sesampuné maos ukara kang kados niku kiyambeké tumandhang dilawani kirang dhahar lan kirang saré, anggéné ngulik ndamel lagu Kebangsaan Indonesia Raya. Judul asal “Indonesia Merdeka” lantaran lamun kata merdeka katerapaken di watiri mboten kaidinan dening pemerintah Hindia Belanda. Lajeng di gentos dados “Indonesia Raya.”Nanging ndakaté semonten tetep mawon pihak Welanda ngraos wedos.

 

Lagu kebangsaan awit ditembangaken teng kaping 28 oktober 1928 teng Gedung Permufakatan Indonesia teng Gang Kenari Jakarta, nalika para mudha ngwontenaken Kongres kang kaping kalih.Kongres ngasilaken Tri Sakti sumpah kang kawentar niku.

Isi sumpahé

1. Kita ber Tanah Air Satu.

2. Kita ber Bangsa Satu dan.

3. Kita ber Bahasa Satu ialah Indonesia.

Pramila teng kaping 28 Oktober dados "Hari Lahir Indonesia Raya." Déning Pemerintah R. I. ugi dinyatakaken dados Hari Pemuda.”

 

Sesampunê wonten kongres,Lagu Indonesia Raya saya dangu sang saya dikenal utawi kawentar.Koran-koran jaman semanten milet nyitak klawan disukani not lagué. Sanésé niku wonten kang seja ngrekam miwah piringan hitam.

 

Lan waktos sapunika unggal Kota se Nusantara rayat sami nyetél lan mirengaken.Lantaran saking simpati lan hormaté kumpulan-kumpulan utawi grup musik saking Jerman, Perancis, Inggris,Rusia, Mesir lan ugi negara-negara sanésé nyuwun dikintun lagu niku kang ajeng dikenalaken teng rayaté.

 

Lagu niku didamel déning W. R. Suratman nganggé irama mars lan isi ukaraé seja nerapaken wecana-wecana kang nggerakaken sumanget berjuang nganggé merdeka.Wontené lagu Kebangsaan Indonesia Raya, ndadosaken Pemeréntah Hindia Belanda mang-mung lan ngraos kéder. Lajeng kiyambeké damel réka klawan ngancam teng sinten mawon kang nembangaken lagu niki bakal ditangkep lajeng di lebetaken teng konjara. Sanaosa dilarang, dibloléni gén angél, sebab sampun ngresep teng sanubari Rayat Indonesia kang péngén merdeka.

 

Teng kaping 17 Agustus 1938 W.R. Supratman tutup yuswa lan dikubur teng pekuburan Kapas (Rengkah) Surabaya. Mung sayangé, najan kiyambeké sampun ndamel karya agung kanggé bangsa lan negara Indonesia nanging kawontenané nelangsa sanget (menderita) ugi mlarat lan nalika nuju teng pekuburané kang ngiring mung pinten tiyang mawon.

 

 

Pitakénan!

1.            Kénging napa unggal negara pesthi nggadhahi bendera lan lagu kebangsaan?

2.            Sinten kang wajib njagié?

3.            Kepripun bilih wonten utawi ninggang dileksanakaken acara penaikan bendera Sang Saka Merah Putih?

4.            Lagu Kebangsaan Indonesia Raya saged ditembangaken teng luar neqeri, kepripun asalé?

5.            Sinten kang ndamel lagu niku?

6.            Saged boten nembangakené?

7.            Kapan awit-awit ditembangakené lanteng pundi?

8.            Nalika semanten sinten kang ngraos wedos wontené lagu niku?

9.            Kénging napa negara-negara nyuwun dikintun lagu niku?

10.        Kepripun kawontenan kiyambeké sampé tutup yuswaê ?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan sampaikan pesan kalian di sini