Asal mula Aksara Carakan
Silak méga gumiwang cahyané srengéngé kang sumirat saking wetan ketingal sumong-sumong kadya emas, klawan kawontenan angin laut kang sumliwir alon nambih trenyuhing pangrasa.
Pancén Gusti Allah kang Maha Welas Asih niku leres-leres sempurna anggéné ndamel lan maringi gesang klawan dhateng penguripané tumerap kula sedaya.
Ajanbara kang wonten lan gesang teng sainggilé bumi, kang gesang teng selebeté samudra ugi keduman pangan sedaya. Ugi kaéndhahan jagat binangun tinambihan wontené paksi kang pating cemluit kang manggén teng sainggilé wit-wit kekayon nambih sempurnaé kawontenan jagat niki.
Kacarios nalika semanten teng tanah Jawi maksih awang-uwung déréng kathah tiyang, teng satengahing samudra/seganten ketingal samar-samar baita-baita ageng mawi layar kang dugi golong-golong.
Sesampuné pedhek, nyataé baita-baita ageng wau mboten sanés baita pengagung,klawan kairing déning wadya bala kang kathah sanget ugi mbakta alat piranti perang kang sarwayudha.
Cethaé baita-baita wau saking satunggaling kerajaan jalaran sedaya baita wonten klébété, minangka pratanda satunggaling negara.Klébét-klébét wau ketingal nggibid kiwir-kiwir kénging sumiliré angin nambih agungé kawibawan.
Baita-baita kang dugi golong-golong niku minggir teng gebyugan, sesampuné mandheg tiyang-tiyangé sami nuju teng dharatan.
Saujaré kandha tiyang-tiyang kang minangka wadyabala niku kapingpin déning Aji Saka, satunggalé Sinatriya saking Nagri Atas Angin. Nagri Atas Angin niku wontené teng dharatan Hindustan maksih wewengkon India.
Sagedé kéndhang dumugi teng tanah Jawi jalaran kiyambeké kasoran nalika nggadhahi pradhongdi sareng Raja Bani Israil.
Pungkasané kiyambeké kakisas saking nagri niku. Lami anggéné ngayarana manggihi dharatan kang nami tanah Jawa.
Aji Saka saleresé namié Tritusta, mung sagedé gantos nami jalaran kiyambeke ngagem agama Saka utawi kasebat agama Budha.
Sesampuné teng dharatan kiyambeké pandang-pandeng,lajeng ngandika dhateng pawongan kang nami Dora.
"Dora...,iki rupané wis teka ning mangsaé isun sewadyabala kudu nggulati tlatah kang bisa kanggo panggonan isun sewadyabala.
Mugya dadi weruh, mengko anggoné isun luru utawa nggolati panggonan iku, cukup nggawa separoh wadyabala lan Dora mélu karo ingsun.Ngerti Dora?”
Dora mangsuli:"Ngertos Gusti."
Sesampuniku lajeng Aji Saka wiraos teng Sembada.
“Sembada ..., mbokat wis kuduê awakmu kang tek kongkon nunggoni prau-prau iku klawan bandha kaya kang ana ning kéné,uga dibaturi karo separoh wadyabala.
Nah kanggo teteger ati anggoné njaga panggonan iki,ceg tampanana keris pusaka. Nanging isun weling, poma aja diulungaken ning sapa baê lamun dudu isun kang njukut keris iki. Ngerti Sembada?”
Sesampunê mirengaken wangkid kang kados niku Sembada manggut-manggut pratanda sandika dhawuh, klawan nampi keris pusaka wau.Lajeng nyumanggakaken teng pegusténé kang ajeng késah.
Lelampahanê Aji Saka kairing klawan wadyabalaé ngamba wana lan tumurun jurang.
Waktos sapunika nadjan tanah Jawa déréng kathah penduduk, nanging sampun wonten kerajaan kang nami Medhang Kamulan.
Kang jumeneng dados naléndra Sri Prabu Dewata Cengkar, putraé Prabu Sindula. Prabu Sindula niku putra Prabu Watu Gunung. Lajeng Prabu Watu Gunung putraê Sri Maharaja Kano.Wodénten Prabu Sindula nglenggahi utawi jumeneng Raja kang nami Kerajaan Galuh awal.
Prabu Dewata Cengkar saged kalindhih lan kausir déning Aji Saka.
Lajeng kiyambeké anggentosi dados Raja Medhang Kamulan klawan ngembangaken agama Saka utawi Budha. Lawas jamané kiyambeké nembé émut, yén sembada klawan wadyabalaé ngentosi teng leba pesisir utawi kekisik kang kasebat Pulo Majeti wewengkon Semarang saniki.
Aji Saka nimbali Dora, nonten wiraos ;
“Dora . . ., isun iki nembé kélingan yén ning kekisik pinggir segara tegesé ning Pulo Majeti, iku Sembada sewadyabalaé pesthi ngenténi isun. Dadi sekiyen susulen sisan jaluken keris pusaka. Aja klalén yaa.”
Dora mangsuli:“Sumangga Gusti"
Klawan kairing wadyabala saking Medhang Kamulan Dora priyogi manggihi Sembada lan mendhet keris pusaka. Nanging Aji Saka rupiné kelépyan klawan jangji kang krihin sebab pusaka sampun diulungaken teng sinten mawon lamun sanés kiyambeké kang mendhet keris pusaka
niku.
Nalika Dora dugi teng panggénan Sembada klawan diater déning wadyabala, bingahé mboten kejagan jalaran lawas jamané saniki nembé kepanggih malih. Sesampuné ramah-tamah lan nyriosaken Rajaé Aji Saka sampun dados Raja teng Kerajaan Medhang kamulan.Nonten Dora wiraos yén kiyambeké kepancénan mendhet keris pusaka.
Dora wiraos :“Kakang sembada, sanésé kula diutus nyusul kakang ugi kula kepancénan mendhet pusaka Gusti Aji Saka kang mawujud keris Pusaka.”
Sembada mangsuli :“Duh...,yayi. Dudu awak kula beli percaya ning yayi, nanging waktu bengiyén sedurungé mangkat ning Medhang Kamulan Gusti Aji Saka Wangkid, sapa baé kang njukut keris pusaka iki, aja diulungaken lamun sanes panjenengane kang mendhet pusaka niki. Sekiyen ana aturan supaya pusaka kiyen diulungaken teng yayi. Dadi endi kang bener.”
Dora wiraos radi séwot : “Sampun kathah wiraosan kakang, sejatiné kula niki mangsa bobada, dadi ulungaken baé gagiyan kakang.
Sembada mangsuli :“Sabar yayi. Bagusé yayi balika dhingin ngupahi weruh kahanan ning kéné lan pusaka iki bloli dijukut. Isun tetep nggécéli wangkidé Gusti Aji saka.”
Dora :“Sampun kathah ubad-ubedé kakang, pusaka niku kedhah kebakta kepripun caraé mawon.”
Sulayané rembag akhiré kedadosan bitotama, Dora lan Sembada sami pawongan pilih tanding, sami rosaé, sami pinter, ugi sami digjayané.
Dhateng kerajaan Medhang Kamulan Sang Aji Saka sampun ngraos mboten sekéca teng manah, lantaran sampun tigang dinten pawongan kekalih lan wadyabalaé deréng sami dugi.
Lajeng kiyambeké, det ., kémutan nalika nitipaken pusaka teng sembada kiyambeké wangkid. Sinten mawon kang mendhet pusaka niku sampun diulungaken.
Lajeng sanalika rikat lampahé Aji Saka ndugihi panggénan pawongan kang setia niku. Bareng dugi teng ngriku, nyatané kekalih pawongan niku sampun sami perlaya, lajeng Aji Saka langsung ngrungkebi sareng sedih manahé kang mboten wonten bandingané.
Ugi kiyambeké ngraosaken sawon, wontené kedadosan niki lantaran aturan saking kiyambeké kang kirang nuladhani.
Klawan banyu mata mili teng pipi kiyambeké nglolos pusakaé lajeng nyerat teng wit ageng.Seratan wau mungelé ;
Ha,na,ca,rà, ka.Artosé ana sawiji cara/cerita.
Da,ta, sa, wa, la. Artosé padha dadi utusané.
Pa, dha,ja, ya, nya. Artosé padha digjaya lan padha prawiraé
Ma,ga,ba, tha,nga. Artosé padha matié/perlayaé (padha dadi batange)
Sesampuné nyerat lan nyukani ujaran teng sedaya pawongané, lajeng boyong teng nagri Medhang Kamulan
- Kénging napa nalika semanten tanah Jawi kasebat maksih awang- uwung?
- Kénging napa wontené baita-baita niku mboten sanes baita pengagung?
- Unggal baita niku wonten klébété, minangka pratanda napa?
- Wadyabala kang wonten teng baita niku kapingpin déning sinten?
- Teng pundi negara Atas Angin ni'u?
- Kénging napa sagedé Aji Saka ka kikas saking negaraê?
- Sinten nami seleresé Aji Saka niku ?
- Sinten pawongan setia Aji Saka lan sinten kang kepancénan njaga bandha kayaé teng kekisik Pulo Majeti ?
- Napa wangkidé Aji Saka teng pawongan niku?
- Raja sinten kang kausir déning Aji Saka?