Postingan

Menampilkan postingan dari September 10, 2023

Materi Bahasa Cirebon kelas 6 semester 1

  Lagu Indonesia Raya lan Sejarahê Unggal negara sampun pesthi nggadhahi lambang-lambang negara kang dimulyakaken sanget ugi ndadosaken bebanggén rayaté. Lambang-lambang wau mangrupi bendera kebangsaan, pramila bangsa pundi mawon pesthi njagi lan sanget ngormatanané. Ukurané jiwa-raga didadapaken kanggé mbélaé. Negari kula ugi nggadhahi lambang-lambang, nggih niku Lagu Indonesia Raya minangka lagu kebangsaané lan klébét (bendera) merah-putih minangka bendera Kebangsaan Negara Republik Indonesia. Tumerap kanggé kula sedaya bilih wonten acara penaikan bendera Sang Saka Merah-Putih lan lagu Kebangsaan Indonesia Raya siweg kagelaraken, kedhah mandheg krihin lan milet ngormati. Bendera Sang Saka Merah-Putih lan Lagu Kebangsaan Indonesia Raya ditembangaken utawi kagelaraken teng manca negara, nalika para atlit olahraga lan peserta lomba teng widhang-widhang tinamtu saged ngawonaken lawan-lawané teng kancah dunia. Sampun pesthi dados bebanggén kula sedaya nalika bendera Merah-pu...